Pengangguran Yo Lumayan [Keroncong]

Hendra Kumbara, Raden Kresno, Raden Kreno

Sarapan sambel trasi
Lungguh njegang nyruput kopi
Pancen ra nduwe bojo
Ora perlu mbok paido

Tengak tenguk neng warung
Kaos oblong nganggo sarung
Pancene wong biasa
Nanging uripku merdeka

Penake dadi pengangguran
Yen ditelateni lumayan
Senajan dirasani tonggo
Iseh njagakke wong tuo
Ora tau tak gatekno

Senajan dianggep wong kentir
Tonggo teparo do kuwatir
Uripku mung mondar mandir
Nanging duite kok ngalir
Karepmu ora tak pikir

Uripku mung mondar mandir
Nanging duite kok ngalir
Penting tak kentengi zikir

Curiosités sur la chanson Pengangguran Yo Lumayan [Keroncong] de Hendra Kumbara

Qui a composé la chanson “Pengangguran Yo Lumayan [Keroncong]” de Hendra Kumbara?
La chanson “Pengangguran Yo Lumayan [Keroncong]” de Hendra Kumbara a été composée par Hendra Kumbara, Raden Kresno, Raden Kreno.

Chansons les plus populaires [artist_preposition] Hendra Kumbara

Autres artistes de Asiatic music